Nickelodeon

Nickelodeon (dikenal uga kanthi jeneng Nick, sadurungé duwé jeneng Pinwheel; diadegaké ing tanggal 1 Dhésèmber 1977) ya iku jaringan TV kabel mirunggan kanggo acara bocah cilik lan praremaja, nanging uga nayangké program kanggo remaja ing blok acara TEENick. Pisanan mung ana ing Amérika Sarékat, nanging saiki wis ana ing nagara-nagara kaya ing wewengkon Asia Tenggara kaya ta Indonésia), India, Jepang, Australia, Selandia Baru, Britania Raya, Skandinavia, Éropa Barat, lan Amérika Latin. Ing Indonésia program Nickelodeon bisa dideleng ing Global TV lan TV kang bayar kaya ta Indovision lan First Media.


Developed by StudentB